Logo SMP SAINS Tebuireng
SMP SAINSTebuireng
Cerita & Sastra
1 menit baca · 176 kata

Nrimo Ing Pandum

Kunci Urip Kanthi Tentrem

Nrimo ing pandum minangka piwulang urip supaya tansah syukur, ikhlas, sabar, lan ora gampang nyerah anggone ngupadi kabegjan.
Mir'atus Sa'diyah, S.Pd - Guru Bahasa Jawa · Dokumentasi: Humas SMP Sains Tebuireng

Artikel niki ngrembag wigatine ngugemi prinsip Nrimo Ing Pandum kanthi manah ikhlas, tansah syukur, sabar, lan tetep usaha. Saben manungsa nduweni rejeki lan dalan urip dhewe-dhewe, mula aja gampang mbandhingake urip karo wong liya.

SMP Sains Tebuireng - Kita minangka manungsa kedah tansah ngugemi unen-unen “Nrimo ing Pandum.” Nrimo ing pandum tegesipun nampi punapa ingkang sampun dados rejeki kita kanthi manah ingkang ikhlas saha tansah syukur dhumateng Gusti Allah.

Ing gesang menika, saben tiyang gadhah rejeki saha margi gesang piyambak-piyambak. Boten sedaya pangajeng-ajeng saged kalampahan, nanging kita boten kedah nyerah. Nrimo ing pandum sanes ateges pasrah tanpa usaha, nanging tetep mbudidaya, ndedonga, saha sabar nampi asilipun.

Pramila, kita sampun ngantos remen mbandhingaken gesang kita kaliyan tiyang sanes, amargi saben tiyang gadhah wekdal saha kasuksesan piyambak-piyambak.

Wonten unen-unen ingkang saged dados pangeling-eling tumrap kita sedaya: “Kita nglampahi gesang menika boten kedah tansah langkung sae tinimbang tiyang sanes, nanging kita kedah saged dados pribadi ingkang langkung sae tinimbang kala wingi.”

Mugi-mugi kita sedaya tansah dados pribadi ingkang syukur, ikhlas, boten gampil nyerah, saha tetep semangat anggenipun nglampahi gesang.

Ditulis Oleh

Administrator SMP SAINS

Super Administrator

Karya Penulis Ini
Content Continuity

Lanjutkan Eksplorasi Risalah

Jelajahi Arsip Lengkap
PSB SMP SAINS Tebuireng

Bergabung Bersama Lingkungan Literasi & Pesantren

Informasi lengkap Penerimaan Santri Baru (PSB) SMP SAINS Tebuireng di Kampus 2 Pesantren Tebuireng, Jombok, Ngoro, Jombang.